Fenomena Awan Berlubang di Langit (Kedadian Awan Bolong Nang Langit)

Punch Hole Cloud

Fallstreak Hole - ngapakreaders.blogspot.com

Nang wong luar Punch Hole Cloud (Awan bolong), sering dikenal arane "Fallstreak Hole", Fallstreak Hole kue lamuk sing tengaeh bolong amba, sing cokan metu nang cirrocumulus utawi awan altocumulus. lobang kaya kue bakal mbentuk nek suhu banyu nang awan nang ngingsor titik beku, tapi banyune urung mbeku sebabe kurange partikel nukleasi es. pas sebagian banyu mulai arep mbeku bakal nimbulna efek domino sing nyebabna uap banyu nang sekitar mbeku terus tiba meng bumi. kie gawe bekas lobang gede sing bentuke seringe melingkar nang awan.
Punch Hole Cloud wis gawe geger ilmuan langit kapet taun 1940an. ana artikel taun 1968 nang majalah "Weatherwise" sing judule "A Meteorological Whodunit?"
gara-gara peristiwa kaya kue langka karo bentuke sing ora biasa, fenomena kue sering di hubung-hubungna karo UFO, nembe dasawarsa terakhir, penyebab mbentuke awan kue bisa di ngerteni.
diyakini nek terganggune stabilitas lapisan awan, kaya sing disebabna pesawat jet liwat, bisa nyebabna proses penguapan domino sing marakna bolong. awan kaya kue ora unik nang area onegeographic ngendi ngendia lan wis tau di foto nang Amerika karo Rusia.

Mbok menawi sedulur weruh awan bentuke kaya kue ora usah geger, ora usah panik, ora usah lapor polisi, ben jorna bae. kue karyane gusti Allah. yuh pada komen sedulur, sing wis tau menangi lamuk kaya kue. aja klalen aweh ngerti liane men pada pinter.

No comments:

Post a Comment