London Cabmen's Shelter: Panggon Nggo Ngaub Supir Taxi Jaman Mbien


London Cabmen's Shelter

Nyebar nang aben gili kota London, akeh bangunan cilik warna ijo sing  wis diklalen ena, rupane kaya gudang, kue sebenere panggonan nggo ngaub karo medang nang supir taksi kapet tahun 1875. Ganu rupane taxi nang kana kue kaya delman.

jaman mbien, supir taksi nunggang delman, penumpange nang jero delman, kusire njagong nang jaba, karo kepanasen. tapi kusir ora bisa langsung markirna delmane nang pinggir nggili, terus medang nang warung utawi umah umum, soale ana undang-undang sing nglarang para kusir ninggalna delman tanpa diawasi. akhire akeh kusir sing nggolet pemuda kon kerja njagani delman pas pak kusir arep lunga, sekalian nggawakna barang-barang karo ngrewangi sing liyane.

ceritane lanjut, pas wulan Januari taun 1875, George Amstrong editor koran "The Globe", merentahna pelayane kon gawakna hasil kerjane, kebetulan pas lagi ana badai salju nang kono, akhire pelayane mesen taxi kon njujugna deweke meng kantore sing ana nang Fleet Street. sejam berikute si pelayan balik karo awake teles ngomongna bahwa kabeh supir taxi lagi nggolet nggon nggo ngaub karo mendang, akhire ora ana supir taxi sing bisa njujugna.
kanggo saran, Kapten Amstrong ngumplna dermawan, salah sijine Earl of Shaftesbury ke-7, karo ndirikna bada aman sing di jenengi "the Cabmen's Shelter Fund" sing misine kue mggo ndirikna tempat numpang khusus go para supir taxi.

antara taun 1875 karo 1914, total ana 61 panggonan sing di bangun, biaya sing di enggo nggo mbangun sijine ngentongna dana sekitar £ 200. jarak kabin siji karo liane nganti 6 mil. sekang Charring Cross. gara-gara nggone sing ngadeg nang gili umum, polisi nentukna ukuran bangunane ora lewih kang kereta kuda. padahal bangunan cilik tapi sing nganggo akeh. aben dina kabin kue di kelola nang petugas sing ngadol panganan karo wedang (non-alkohol) maring supir taksi. petugase juga masak panganan sing di gawa nang para supir taksi. nang njero kabin ana kursi meja, buku-buku karo surat kabar/koran, akeh sing di sumbngna kang penerbit utawi wong dermawan.

Anane kabin kie dadi bisa ngurang rong masalah, antarane kena nggo ngaub nang supir taxi pas cuacane ra karuan, sijine maning dadi bisa hindari sopir taxi tukoni alkohol.
siki mung ana 30 Shelter Cabmen sing esih ana. esih di rawat nang badan amal "Shelter Fund Cabmen", karo esih ngelayani supir taxi nang kota London.

No comments:

Post a Comment