Gedung sing di Bangun Kang Nduwur Meng Ngingsor

Torres de Colon

Torres de Colon

Nang Plaza de Colon, kota Madrid, Spanyol ana bangunan kembar sing dikenal nganggo jeneng "El Enchufe" utawi "The Plug" soale, konon jere mirip colokan listrik raksasa. jeneng resmine jane "Torres de Colon" ari ora Menara Columbus. anag sing ngomong kue bangunan paling elek nang Madrid. payone sing bergaya art deco ijo, karo kaca facade tembaga. Tapi Torres de Colon wis dadi ikon cakrawala nang Madrid kapet taun 1976. gedung kue gawe penasaran pas lagi dibangun, soale Torres de Colon di bangun kang nduwur meng ngingsor.

pertama di bangun rong pilar nggo pijakan beton. terus lante paling nduwur di junjung terus digantung karo kabel baja. lante liane di terusna kang nduwur meng ngingsor kaca Fasad di tutupi karo warna abang marun lan ijo.

metode kontruksi Top-Down kie jere bisa menghemat biaya karo wektu sing signifikan, soale memungkinkan lante dibangun nang ngingsor terus bisa di junjung meng nduwur, dadi udu pekerjane sing bergerak, tapi malah lantene. dadi intin pekerjane nang ngingsr ora bolak balik meng nduwur meng ngingsor.

No comments:

Post a Comment