Songjang Quarry Hotel: Hotel Nang Cina sing di Bangun nang Bekas Tambang

Songjang Quarry Hotel

Industri konstruksi nang Cina lagi pesat-pesate, sauwise wingi gawe geger dunia gara-gara gawe umah 3D sing bisa di cetak, siki gari due proyek anyar maning sing kudu diakui.
Songjang Quarry Hotel, sing ering dikenal nganggo jeneng "Shimao Wonderland Intercontinental" jan jane proyek kontruksi Cina sing paling anyar karo paling inventif. hotel bintang lima kie wis di siapna nang bekas tambang kosong nang ngingsor guning Tianmenshan dostrik Songjiang, Sanghai. Bangunanae 90 meter lewih meng njero lemah.
Konsep hotel kie bener-bener hasil pemenang kang konsultan desain lan teknik Atkins nang kompetisi desain international pas wulan Agustus 2006 ganu. Tapi, rancangane di serahna nang Martin Jochman (perancang konsep Aktin) meng pengembang Cina Shimao nggo di rampungna taun 2013. perancang kang Inggris kie juga due gambaran umum proyek nang lokasi karo perusahaane Quarry Associates (HK) Ltd lan Studio desaine JADE + QA sing kabean letake nang Shanghai.
Hotel sing regane £ 345 juta bakal bisa nampung 380-400 kamar, duwure hotel 20 lante. 2 lante nang njero lemah, sing bisa ndeleng akuarium temboke kang kaca. 2 lante maning nang nduwur lemah karo fasilitas konfresnsi sing bisa nampung 1000 wong. jelas hotele ora lengkap nek ora ana kolam renange, sport center, restoran, ruang penjamuan lan ruang konfrensi go pertemuan bisnis / meeting.

Nduwur Hotele akeh penghijauan , ramah lingkungan , lan lewih natural. Nek arep nginep nang hotel kie siap-siap gawa duwit sekitar $ 320 angger di rupiahna sekitar 4 jutaan se wengi. Bangunan hotele esih lagi di bangun.

Songjang Quarry Hotel

No comments:

Post a Comment