Bakal Arepan ana Tower HP nang Wulan

mobile phone tower moon

Nang dunia modern siki, dewek wis bisa weruh akeh inovasi menarik sing terus berkembang. wong wis bisa nemukna planet anyar nang tata surya. wong wis bisa gawe mobil ora nganggo supir, lan lia liane.
dewek wis sinau nerima kahanan menawi perkembangan kue salah siji sifate menungsa. nah siki sing lagi di jejel nang perusahaan Jerman, percaya ora percaya, wong kana gawe rencana arep mbangun tower HP nang wulan.
"Part-Time Scientists" (jenengan perusahaane) Harapane bisa mendarat nang wulan sing ora berawak nang perek lokasi pendaratan Apollo ke 17. di perkirakna bakal rampung taun 2018 ngesuk. jane dirungokna ketone rumit, tapi desain karo teknologi sing di nggo wis di tata.
Perusahaan arep nganggo teknologi LTE nggo ngandalna komunikasi. kaya sing di lansir LILScience. sebenere, ilmuan wis komunikasi karo perusahaan telekomunikasi Vodafone nggo nyediakna stasiun 4G LTE nang wulan.
Teknologi kue bakal akeh manfaate. misale, proyek kie nganggo lewih setitik energi dibandingna karo sistem relay data standar. akibate, jumlah data akeh bisa dikirim tanpa nguras batre pendaratan.
Robert Boehme, CEO ilmuwan Part-Time, ngendika kaya kie: "kabeh kue pertama kaline di lakukna, mbangun infrastruktur nang luar angkasa sing bisa di enggo maning, ngurangi biaya terus kompleksitas nggo wirausahawan nang masa depan."

Part-time Scientists disebute Aliana, sing arep di enggo dadi basis komunikasi utama nang wulan. insinyur perusahaan Karsten Becker ngendika menawi rover ndueke arep dilengkapi nganggo sensor karo kamera definisi duwur.

No comments:

Post a Comment